Minggu, 09 Agustus 2009

(GUYONAN SUROBOYOAN) : Interview karo Wonokairun (HRD Edan)

Sekedar guyonan tombo Stress kanggo malam mingguan
"sing wis tau entuk ngguyu ae yo cak, sam lan ning sedanthen

Wonokairun dasare ancene wong mbeling alias setrip. Eh diangkat dadi Manajer HRD PT. ITATBYT. (Isuk Turu Awan Turu Bengi yo Turu.)
Wis suwe Wonokairun dikongkon golek pegawai. Tapi wis sewulan sik durung ono sing cocok. Padahal pelamare akeh. Lha piye katene entuk pegawai yen wawancarane karo HRD Edan koyo ngene. Iki hasil wawancara karo 11 Pelamar.

Sepurane, khusus Wong Jowo, wa bil khusus Suroboyo utowo Arema
Sing mboten paham nggih nyuwun sewu ... Boso Jawi ... Meniko
------------------------------------------------------

Wonokairun (HRD) : Kowe nduwe omah opo ora.....?
Pelamar #1: dereng....
Wonokairun (HRD) : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
Pelamar #1: Lho kok ngaten........?
Wonokairun (HRD : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
Pelamar #1: Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kuloniku sampun sugih.
Wonokairun (HRD: Yo malah ora ketompo
Pelamar #1: Lho kok ngaten.....?
Wonokairun (HRD: Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.

---------------------------------------------
Wonokairun (HRD) : Kowe nduwe motor opo ora....?
Pelamar #2 : Mboten.
Wonokairun (HRD : Ora ketompo
Pelamar #2 : Lho kok mboten ketompo ?
Wonokairun (HRD: Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
Pelamar #2 : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo
beto ngriki.
Wonokairun (HRD: Wah malah ra ketompo....
Pelamar #2 : lho kok ngoten
Wonokairun (HRD : Tempat parkire wis ra cukup.

------------------------------
Wonokairun (HRD: Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
Pelamar #3: sampun pak....
Wonokairun (HRD: Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén
mbayaré murah
Pelamar #3: Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
Wonokairun (HRD: Malah ora ketompo.....
Pelamar #3: Lho kados pundi to....?
Wonokairun (HRD): Mengko kow é kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.

-------------------------------------------------------------------
Wonokairun (HRD: Kowé seneng guyon opo ora ?
Pelamar#4 : Mboten pak, kulo serius n ék nyambut gawé.
G: Ra ketompo.....
Pelamar #4: waa......kok ngoten?
Wonokairun (HRD: Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
Pelamar #4 : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
Wonokairun (HRD: Malah ora ketompo.
Pelamar #4 : Lho kok......
Wonokairun (HRD: Engko kowé mung email emailan sing lucu.......
--------------------------------------------------

Wonokairun (HRD: Kowé mau mréné numpak opo ?
Pelamar #5: Nitih mobil
Wonokairun (HRD: Kowé ora ketompo
Pelamar #5: Sebabipun ?
Wonokairun (HRD: Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
Pelamar #5: Wo, kulo wau namung nunut, kok
Wonokairun (HRD: Tambah ora ketompo
Pelamar #5: Lho, lha kok ... ?
Wonokairun (HRD: Mengko mung gawéné nunut kantor. Ngrusuhi !

---------------------------------------------------
Wonokairun (HRD : Anakmu akèh opo sithik ?
Pelamar #6: Kathah pak
Wonokairun (HRD: Kowé ora ketompo
Pelamar #6: Sebabipun ?
Wonokairun (HRD: Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
Pelamar #6: Lha wong namung anak adopsi, kok.
Wonokairun (HRD : Tambah ora ketompo
Pelamar #6: Lho, lha kok ... ?
Wonokairun (HRD: Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé

----------------------------------------------------------------------------------
Wonokairun (HRD : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
Pelamar #7: Dèrèng
Wonokairun (HRD : Kowé ora ketompo
Pelamar #7: Sebabipun ?
Wonokairun (HRD: Arep nyambut gaw é kok ora ngerti gaweyané ?
Pelamar #7: Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
Wonokairun (HRD: Tambah ora ketompo
Pelamar #7 : Lho, lha kok ngaten... ?
Wonokairun (HRD: Kowé rak mung arep keminter, to ?
-----------------------------------------------------------------------

Wonokairun (HRD: Kowe ngerti kahanan kantor k éné durung
Pelamar #8: Dèrèng
Wonokairun (HRD: Kowé ora ketompo
Pelamar #8: Sebabipun ?
Wonokairun (HRD: Arep nyambut gaw é kok ora ngerti kantoré ?
Pelamar #8: Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
Wonokairun (HRD : Tambah ora ketompo
Pelamar #8: Lho, lha kok ... ?
Wonokairun (HRD : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?

------------------------------------------------

Wonokairun (HRD: Kowé kerep loro ?
Pelamar #9: Mboten
Wonokairun (HRD: Kowé ora ketompo
Pelamar #9: Sebabipun ?
Wonokairun (HRD: Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
Pelamar #9: Wah, sakjanipun nggih asring
Wonokairun (HRD: Tambah ora ketompo
Pelamar #9: Lho, lha kok ... ?
Wonokairun (HRD: Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

------------------------------------------
Wonokairun (HRD: Kowé biso main Internét ?
Pelamar #10: mBoten
Wonokairun (HRD: Kowé ora ketompo
Pelamar #10: Sebabipun ?
Wonokairun (HRD: Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
Pelamar #10: Wah, sakjanipun nggih saged
Wonokairun (HRD: Tambah ora ketompo
Pelamar #10: Lho, lha kok ngaten... ?
Wonokairun (HRD: Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, o?
Ngenték-entekké pulsa !

---------------------------
Wonokairun (HRD: Kowe waras opo ora?
Pelamar #11: Lha, kulo nggih waras to Pak.
Wonokairun (HRD : Ra ketompo.......
Pelamar #11: Kenging nopo .....?
Wonokairun (HRD : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
Pelamar #11: Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
Wonokairun (HRD: Malah ra ketompo......
Pelamar #11: Pripun to niki....?
Wonokairun (HRD: Mengko aku duwe saingan..........


Semoga dapat menghibur

Wassalamualaikum wr.wb
Imam Puji Hartono (IPH)

1 komentar:

  1. lucune pollll....wetengku nganti mulessss...hrd edannn tenan

    BalasHapus